Nun ijih kula sarujuk sanget kaliyan panjenengan…
Kita sedaya puniko nggadahi jejibahan nglestantunaken kabudayan Jawi.
Mila saestu kabudayan Jawi puniko sakjatosipun mboten mligi kagunganipun tiyang Jawi..
Sebab kabudayan Jawi saget dipun umpamiaken kados sumur tanpa dasar, kabudayan punopo kewawon saget mlebet…dados nggadahi sifat universal nangin tetep wonten ciri lan corakipun….salah satunggiling basa Jawi puniko.
Pangeran iku siji, ana ing ngendi papan
Langgeng.
Sing nganakake jagad iki saisine.
Dadi sesembahane wong saalam kabeh.
Carane dewe-dewe
Pengeran iku ana ing ngendi papan
Aneng sira uga ana Pangeran.
Nanging aja sira wani ngaku Pangeran
Pangeran iku adoh tanpa wangenan
Cedhak tanpa senggolan
Pangeran iku langgeng tan kena kinaya nyapa
Sangkan paraning dumadi
Pangeran iku bisa maujud
Nanging wewujudan iku dudu Pangeran
Urip iku saka Pangeran
Bali marang Pangeran.
Lelono ora mung neng jagad dunyo
Ugo ono jagad pamikiran
Kang dipun enteni
Sedoyo karya lan ide
Ingkang sampun kasimpen wonten wigatosanipun
Sedoyo pelakon urip
Ngupoyo hasil
Kang durung kasampean
Nganti ngimpi-ngimpi
Lelono ing ati luwih susah
Nyumertaake rasa, jiwa lan raga
Kabeh tumurut
Nora nana kang gampang
Ati kang kudu ng-ati-ati
manunggaling abdi lan gusti, manunggaling kawula gusti, manunggaling makmum dan imam, manunggaling rakyat dan pemimpin! Semar sosok pemimpin sebenarnya yg vertikal horisontal membaur dg kawula, dan akrab dg tuhannya contoh real nabi muhammad saw
Tinggalkan sebuah Komentar
Belum ada komentar.
Komentar RSS Lacak Balik URI Pengenal
